1.
Haywa mungkur
ing piwulang
Gulangen
kawruh agama sayekti
Saranane
ngudi ngelmu
Dhawuhing
Gusti Allah
Iya
iku kitab Qur’an ingkang luhur
Pepak
akehing piwulang
Sanguning
urip lan pati
2.
Yen arsa
nyinau Qur’an
Wiwitana
maca ta’awuz dhisik
Tegese
ta’awuz iku
Hamba
nyuwun pangreksa
Saking
panggodaning setan kang binendu
Tumuli
wacanen Qur’an
Kanthi
tertib lan nastiti
3.
Pamacane ingkang
cetha
Mahraj
tajwid harkate lan titi
Pamacane
ywa kesusu
Tandha
iklasing manah
Amung
niyat netepi wajib satuhu
Iku
patrap kang utama
Ngaji
Qur’an kang sayekti
4.
Samengko prayoganira
Ngasto
Qur’an bukaken kang gumati
Wacanen
kanthi pituduh
Kaya
sinebut ngarsa
Ayatipun
apalna wongsal-wangsul
Dimen
tumanjem ing nala
Surat
al-Falaq puniki
5.
Tumuli padha
gatekna
Talitinen
surasane den titi
Qul
iku suraosipun
Dhawuhno
sira Muhammad
Nyuwun
pangreksa kula ing gustinipun
Ingkang
nguwaosi Falaq
Wanci
subuh wekdal enjing
6.
Saking makhluk
kang dursila
Lan
saking jahate petenging wengi
Lan
saking dursilanipun
Tukang
sihir natkala
Munggwing
tali pratingkahe nyebul-nyebul
Lan
saking dursilanira
Drengki
nalikane ndrengkeni
7.
Mangkono jarwane
surat
Al-Falaq
tumurun ing Mekkah negri
Gangsal
ayat gunggunipun
Padha
den apalena
Lapal
fasih mangerti suraosipun
Yekti
yen mangkana sira
Temah
kasil nggenya ngaji
|